ASAL-USUL TASIKMADU


ASAL-USUL TASIKMADU

CIKAL BAKAL ARAN TASIKMADU, KARANGANYAR

Pabrik gula Tasikmadu iku katon apik. Tembok bangunane kuat diubengi ngrembuyunge wit-witan kang gedhe-gedhe. Pabrik gubahane Mangkunegoro IV iku mapan ing sisih kulon lereng Gunung Lawu kang jarake kira-kira 15 km saka kutha Solo.  Miturut sejarah cikal bakal aran Tasikmadu yaiku sawijining desa aran Sondokoro, simbol kisah dramatik tragis pawongan loro seperguruan, Sondo lan Koro.

Jaman samono Ki Plapar kawentar luhuring budi, arif, lan sekti mandraguna. Sanajan rambute putih, kulite keriput, dheweke isih bisa mlaku tanpa nganggo tongkat.  Sorot netrane kebak kawibawan. Pakulinan mlaku adoh lan ngrasakake hawa esuk wiwit enom ing saben dinane ndadekake Ki Plapar ora katon tuwa.

Hawa ing pletheking fajar sansaya adhem. Ing Padhepokan Padas Plapar, puluhan murid wis padha latihan kanuragan kang dipandhegani dening Ki Plapar. Saben dina Ki Plapar nggembleng para muride babagan ilmu jagat diri kanthi pangajab mbesuke bisaa mbelani lan ngayomi rakyat saka angkara murka. Saya suwe Padhepokan Padas Plapar sansaya kawentar ing liya desa malahan nganti tumekaning wewengkon Jawadwipa.

Ing sisih burine bukit Padhepokan Padas Plapar, ana sawijining pawongan bagus lagi negor wit trembesi nganggo kapak. Saka garis-garis otot kulite, katon isih puluhan taun umure. “Prak… prak… prak”. Kayu kang diametere puluhan sentimeter iku bakal dadi kayu bakar ing pawon sedhela maneh. Pawongan iku sregep tandang gawe lan seneng tetulung saengga disenengi wong-wong ing kampunge. Wiwit cilik dheweke diundang Sondo utawa Sondong. Sondo tansah kepengin nyenengake wong tuwane.

Nalika samono Sondo mlebu alas Padas  kang kondhang angkere, rungkut, lan akeh kewan alas kang galak. Hawane peteng, angine banter, lan swarane bledheg pating gleger. Dumadakan, ana pawongan njaluk pitulungan sajroning alas mau. Sondo banjur nggoleki sumbere swara iku. Sepira kagete bareng weruh pawongan iku, jebule Koro kancane dhewe lagi pringisan gobres getih. Sondo banjur ngulungake wedang putih sing digawa lan enggal-enggal nambani tatune Koro sing lara. Sondo lan Koro iku pancen kanca raket wiwit cilik.  Wong loro mau kerep mlebu metu tlusukan alas. Lan kekarone duweni pepinginan dadi satria bisa ilmu silat kanggo kemajuan desane.

Nalika Sondo lan Koro lagi rembugan, dumakan salah sijine murid Ki Plapar teka lan ndhawuhi supaya gelem maguru ing Padhepokan Padas Plapar. Kekarone sarujuk lan wekasane dadi muride Ki Plapar kang pinunjul. Saya suwe ngelmune tambah dhuwur. Sondo lan Koro bali ing desane. Kekarone dadi panutan ing desane. Sondo duwe garwa lan

Narasumber: Mbah Pawiro Direjo.

Belum ada Komentar untuk "ASAL-USUL TASIKMADU"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel